Upacara Nyebar Apem Ing Wulan Sura
10 December 2010 19:38 WIB
Assalammualaikum.wr.wb
Para pamirsa tasih kalian kula Fieradhila Lian Putri
ing acara pawarta bahasa jawa sore. pawarta ingkang kula ajeng bahas inggih
babagan upacara nyebar apem ing wulan sura. sumangga kita simak pawartanipun.
Kangge mahargya dhatengipun Wulan Sura, warganing
masyarakat Klathen, malem Jemuah kalawingi (9/12), ngestreni lampahing Upacara
Nyebar Apem, ing Pasareyan Bangsal Padoan, Desa Bulurejo, Kecamatan Juwiring
Klathen. Upacara adat ingkang sampun dipun gelar wiwit puluhan taun punika,
mengku ancas kangge ngajab kawilujengan saking Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Ungeling gendhing sarta swanten njeblugipun mercon,
ngrenggani lampahing Upacara Adat Nyebar Apem, ingkang dipun gelar ing
Pasareyan Bangsal Padoan, Desa Bulurejo, Kecamatan Juwiring, Klaten, Jawa
Tengah. Atusan warga wiwit saking kalanganing lare ngantos tiyang sepuh, sami
kupiya saged ngrebat apem ingkang dipun sebaraken saking sanginggiling menara
pasareyan. Kangge lampahing adicara kasebat, pehak Panitia nyawisaken apem kathahipun
2 kuintal.
Lampah adat punika sampun dipun gelar wiwit puluhan
taun kapengker, minangka atur Puji Syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang
sampun paring kawilujengan. Kejawi punika, ugi kangge monjukaken donga dhateng
salah satunggaling pepundhen desa, inggih punika Nyai Setrodiprojo ingkang
mujudaken tedhak turunipun leluhur saking Kraton Mataram, nalika nyebaraken
Agami Islam ing tlatah Klathen. Menggahipun saperangan masyarakat taksih
pitados bilih sok sintena kemawon ingkang kasil ngrebat apem, pramila badhe
nampi berkah.
Sasampunipun lampahing Upacara Nyebar Apem paripurna,
kalajengaken Pagelaran Ringgit Purwa kanthi mendhet lampahan Brantayudo
Joyodinangun. Lampahan ringgit punika nyariosaken kaslipun pandhawa ngawonaken
kurawa.
Sampun cekap semanten pemirsa, kula Fieradhila Liana Putri ingkang makili Kru lan Kerabat kerja nyuwun pamit, menawi wonten kalepatan nyuwun pangestani.
Wassalammualaikum.Wr.Wb
No comments:
Post a Comment