Tuesday, May 17, 2016

GEGURITAN

NGARIT

Rekasane wong ngarit..
Panase srengenge ngobong kulit
Mangkat esuk mulih sore..
Ngelih lan ngelak tak rasakke

Udu masalah..
Mbedoli suket kanggo golek nafkah
Nyukupi kabutuhan keluarga..
Kabeh tak lakoni kanthi lila legawa..

Udu masalah..
Aku ngarit ning sawah
Ora tak pikir susah..
Kanggo mbayar anak sekolah

PAWARTA


Upacara Nyebar Apem Ing Wulan Sura

10 December 2010 19:38 WIB
Klathen, www.jogjatv.tv

Assalammualaikum.wr.wb

Para pamirsa tasih kalian kula Fieradhila Lian Putri ing acara pawarta bahasa jawa sore. pawarta ingkang kula ajeng bahas inggih babagan upacara nyebar apem ing wulan sura. sumangga kita simak pawartanipun.

Kangge mahargya dhatengipun Wulan Sura, warganing masyarakat Klathen, malem Jemuah kalawingi (9/12), ngestreni lampahing Upacara Nyebar Apem, ing Pasareyan Bangsal Padoan, Desa Bulurejo, Kecamatan Juwiring Klathen. Upacara adat ingkang sampun dipun gelar wiwit puluhan taun punika,  mengku ancas kangge ngajab kawilujengan saking Gusti ingkang Maha Kuwaos.

Ungeling gendhing sarta swanten njeblugipun mercon,  ngrenggani lampahing Upacara Adat Nyebar Apem, ingkang dipun gelar ing Pasareyan Bangsal Padoan, Desa Bulurejo,  Kecamatan Juwiring, Klaten, Jawa Tengah. Atusan warga wiwit saking kalanganing lare ngantos tiyang sepuh, sami kupiya saged ngrebat apem ingkang dipun sebaraken saking sanginggiling menara pasareyan. Kangge lampahing adicara kasebat, pehak Panitia nyawisaken apem kathahipun 2  kuintal.

Lampah adat punika sampun dipun gelar wiwit puluhan taun kapengker, minangka atur Puji Syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun paring kawilujengan. Kejawi punika, ugi kangge monjukaken donga dhateng salah satunggaling pepundhen desa, inggih punika Nyai Setrodiprojo ingkang mujudaken tedhak turunipun leluhur saking Kraton Mataram, nalika nyebaraken Agami Islam ing tlatah Klathen. Menggahipun saperangan masyarakat taksih pitados bilih sok sintena kemawon ingkang kasil ngrebat apem, pramila badhe nampi berkah.

Sasampunipun lampahing Upacara Nyebar Apem paripurna,  kalajengaken Pagelaran Ringgit Purwa kanthi mendhet lampahan Brantayudo Joyodinangun. Lampahan ringgit punika nyariosaken kaslipun pandhawa ngawonaken kurawa.

Sampun cekap semanten pemirsa, kula Fieradhila Liana Putri ingkang makili Kru lan Kerabat kerja nyuwun pamit, menawi wonten kalepatan nyuwun pangestani.Sampun cekap semanten pemirsa, kula Fieradhila Liana Putri ingkang makili Kru lan Kerabat kerja nyuwun pamit, menawi wonten kalepatan nyuwun pangestani.

Wassalammualaikum.Wr.Wb
 Tim Liputan


PENGALAMANKU

Aku disini akan menceritakan tentang pengalaman kecilku dulu. Kalau boleh jujur aku kecil dulu itu bandelnya minta ampun, eh sekarang juga masih sih kayaknya . Ya udah daripada panjang lebar silahkan baca pengalamanku dibawah ini.....


Kesrempet Motor

Aku cilik iku wonge ngglidhik. Aku iku sok - sokan wis iso padahal durung. Aku pas iku lagi ajar ajar numpak pit karo kancaku sik wis iso. Dino isukke aku mangkat sekolah mring kancaku. Mangkate iku aku mbonceng, sakwise pelajaran rampung banjur mulih. Aku wis ditunggu arep bali bareng.
Gandeng aku iku wonge pinginan, aku ngomong karo kancaku"eh mbok seng mbocengke aku wae aku pingin numpak pit".
Sabanjure, kancaku banjur medhun seko pit njuk tak boncengke. Tekan Separone dalan muleh, ageh - ageh ono montor kang nyelip aku. Aku yo sing lagi ajar - ajar numpak pit, pitku oleng banjur tibo. Sikelku lecet koncaku yo pada. Nganti ban e copot nglinding nang got saking bantere.Trus montor sing nyrempet iku mau, mandeg. Lebare aku ro kanaku diboncengke bali tekan ngomah.


Terima kasih ^_^